Sawijining dino, ing lingsire serngege
Nduk…..
kowe rak wus ngerti dhewe
Yen Ibu ngopeni mbakyumu, kangmasmu lan seliramu
Awit songko seliramu ceprol jabang bayi
Nganti saiki kowe ngerti donyo iki
Ing rina lan wengine
Ing esok lan sorene
Ing waras lan saakite
Ing longgar lan sempite
Abot nduk rasane
Abot…….
Bapakmu wis suwe awit songko dhek jaman semono
Ninggalake aku lan seliramu
Ibu ora getun
Babar blas……
Wong pancen Gusti Pangeran
Wis anakdirake
Mula-mula nduk……
Bebrayano kowe karo sing podho ijen
Sing ora ono buntute
Amarga urip iki ora mung pingin slamet donyane
Ananging yo ora mung pingin slamet akhirate
Dedalan menyang suwargo kuwi ora mung siji
Ora mung lantaran bebrayan kanthi wong wadon loro
Ananging dalan kuwi sak okehing kedeping mripat
Sak okehing ambegan
Yen ing sawijining dino
Gusti Pengeran ngutus bocah lanang
Anyusul seliramu
Aku mung duwe penjaluk
Sing akeh ilmune
Sing akeh dhuwure
Sing akeh bandhane
Sing akeh umure




